Senin, 15 April 2013

teks Langgam Kayungyun


Cipt : Tanto Majukarep
Rasane wong nandang wuyung,aduh
Angleledho jroning nala
Tekan ratri nora biso nendro
Rino tan biso makaryo
Ibo kelakon sumanding wong manis
wanodyo ingkang sulistya
Imbangono brangtyaningtyasmoro

Dadi tombo roso tresno.

Aling aling wukir sosro duh nyowo
Nanging aku nora mundu
Ing batin ingsun prasopo  
Nedyo enggal polo kromo

Gantilaning ati wuyung kayungyun
Sari sarining wanodya

Imbo keplasing warastro dibyo

Hamemangun roso tresno

Sabtu, 13 April 2013

teks Langgam angenteni


Cipt . Ki H. Manteb Sudarsono

Aku ngenteni tekamu

kaya ngenteni tibaning wahyu

Janjimu tansah suminar jroning kalbu

Duh kusuma pepujanku

Tak jaluk jo cidro janji

Duh nimas siro kang merak ati

Amung siro dadi ati rina wengi

Aku tansah angenteni

                Reff : muga – muga tetepo tansah sumanding

                          Kadyo kanti duh cah ayu lencir kuning

Kledang kledang kae teka

pranyata janjining datan cidro

gelang alit welut wiso sak upama

aja lali kalih kula